Assaamualaikum Wr. Wb. Piye kabare Rek!Ncang!Sob!Bray!Pal!Ngepel!. Aku saiki ameh kanggo boso jowo Semarangan (Kwi boso gawe dhewe) soale aku iki meh UN! yaaay!!! (Wat de Vak?) eh....rak nyambung e?. Njih aku meh ujian kelulusan, dadine aku bakalan ora ngepost selama 3 bulan (nek rak salah lho). Langsung ke materi, semenjak UTS wingi atiku rasane koyok ditusuk karo serok WC, kowen weroh tho rek? Biji ulanganku welik - welik.....YaaaY!. Weleh - weleh biji elek kok malah seneng ki kepriben, oke lanjut!. Awakku sakwise UTS kwi Koyok wong bar keno penyakit menular, isi-ne menularkan.....ash kwi rak penting. Oh yo wingi yo ono kejadian sing wagu lan fantastis, kowen pingin reti? gak? o lha *******!. Yo aku wingi ono kegiatan Mlayu keliling komplek sekolahku, yo...koyok maraton 500 meter. Cah - cah lanang mlayu ping 5, sing cah - cah ayu lan cuantik - cuantik mlayu ping 3, Pak guruku mlayu ping 1/4. Pluit wis di tiup kabeh podo mlayu, podo adu kecepatan, podo adu akselerasi, podo adu untu (weh maksute opo iki?).
Iki gayane mlayu ala koncoku. Run Dude!
Aku karo koncoku sing jenenge Andika mlayu kanggo style classic, yaiku MLAKU ALONE - ALONE. Wis dadi kebiasaan aku mlayu malah didadekno jogging, hadeh lelaki yang tak memiliki hasrat dan tujuan. Oh yo aku meh memberi pengetahuan, saben cah lanang mlayu trus ketemu cah wedok mlayu ne kuwi dibuanterno sak tugel - tugele kukune (MACO), nek saben ora ono cah wedok, onone mbah - mbah mlakune yo koyok mbah - mbah'e kuwi. Subahanallah Tipikal cah lanang sing memiliki sifat juang yang rendah -__-". Lha nek awakku dhewe iki nek mlayu trus ketemu karo cah - ch sing ayu lan cuantik - cuantik aku mlayune malah koyok Mario Bros (kowe reti tho rek?). Kadang - kadang tak gawe - gawe koyok'e dioyak anjing'e Pak Sabarun. Sakwise putaran ke 3aku karo Andika wis ora kuat, awak pincang kabeh, trus tepar ning ngarepane omahe wong sing yo ono anjinge. Mlaku meneh tekan pertigaan ono warung langganan yaiku Warung Pak To! (nek pingin subscribe hubungi nomer dibawah). Niate pingin ngutang Es Marimas karo tempe mendoan 1, sayange aku rak gowo duit sisan Andika yo ora gowo duit, Amsyong. Tak niatke sak patah - pathe awakku, akhire tekan! Yaaayy!!*karo nyanyi We Are The Champion. Weh wis bar, niate bar mlayu jupuk duit langsung mangan, tapi rejeki memang tak kemana........DUIT 7 RIBU ILANG!!!. Ekspedisi dilakukan di seluruh sekolah sampai ke tempat pembuangan orang ketir, setelah 5 jam 19 menit 34 detik nggoleki duitku kuwi, aku takon karo koncoku Gopal (jeneng asline Reza) :
Enyong : "Pal, kowe weruh duitku sing ning nduwur mejo?".
Gopal : " Oh, ki ning laci mejomu!".
Enyong : " O lha rak ono gawean ki!".
Jebule duitku ning laci mejoku dhewe!. Sumpah njengkelke buanget. Yah sing jenenge urip kudu dijalani dengan ikhlas tanpa mengeluh sedikitpun.
Hmmmm.....okelah rek, dhewe akhiri perjumpaan kali ini dengan mbalang mercon ning omahe Pak Sabarun, gen anjinge kuwi mlayu koyok awakku mau. hahahaha :D. (Bahasa kembali seperti semula) Terima kasih yang sebesar - besarnya kepada kalian yang sudah membaca cerita - cerita pengalaman hidup dari Nurrahman, Suwun sanget yo rek!. Yo wis sampai ketemu 3 bulan lagi!. byee.......!!!. ciao! ciao! (Bila ada kata - kata yang kurang berkenan tuliskan dikomentar ;)!). Bisa kalian kunjungi >https://www.facebook.com/tongkatindomie?ref=hl

Ini adalah pos terakhir, sebelum On lagi pada bulan Mei karena mau ada ujian kelulusan. Cerita pake bahasa jawa semarangan yang dibuat - buat :D. Lebih condong ketika saya sedang ada olahraga lari sama teman sekelas. Safely wait up to 3 months plus 3 months!
BalasHapus